Olimpiade Musim Panas 2012

Olimpiade Mangsa Panas 2012, kanthi resmi duwé aran Games of the XXX Olympiad utawa Olimpiade London 2012, ditindakaké ing London, Inggris, Karajan Manunggal wiwit tanggal 27 Juli nganti 12 Agustus 2012. London bakal dadi kutha pisanan kang kanthi resmi nganakaké Olimpiade modhèren nganti kaping telui, sawisé taun 1908 lan 1948. London kapilih minangka kutha penyelenggara ing tanggal 6 Juli 2005 ing Patemon IOC angka 117 ing Singapura, ngalahaké Moskwa, New York City, Madrid, lan Paris sawisé patang puteran pamungutan swara. Pengundian London iki dipanggedhèni déning mantan juwara Olimpiade Sebastian Coe. Olimpiade iki nyurung ditindakaké pangyasa ulang sawatara laladan ing London papan dianakaké tetandhingan kanthi téma kasinambungan lingkungan. Sanadyan pertimbangan anggaran nampa kritik, Olimpiade iki bakal mupangataké gelanggang ulah raga kang wis diyasa sadurungé undian, kalebu Wembley Stadium, Wembley Arena, Wimbledon All England Club, Lord's Cricket Ground, The O2 Arena, Earls Court Exhibition Centre, Weymouth and Portland National Sailing Academy, lan Excel Centre.


Developed by StudentB